Jenenge Opo
Setu Pon
13:18 WIB
19 Mei 2012 M
27 JemadilAkhir 1945 [Tahun Wawu]
Tali
Amben :
Tali weteng jaran
Dhadhung :
Tali kanggo nancang sapi
Dhandan :
Tali kanggo nggeret glondhongan kayu
Elis :
Tali kendhali
Goci :
Tali layangan
Godhi :
Tali gombal
Jala jala :
Tali kanggo mbendheng kelir
Janget/Ulap ulap :
Tali blebet garane pethel
Jejet :
Tali plipitan
Keluh :
Tali ing irung sapi
Klanthe :
Tali caping
Koloran/Usus usus :
Tali Kathok
Pluntur :
Tali kanggo nggantung gong/nyangga gamelan
Salang :
Tali pikulan
Sawed :
Tali pasangan sapi