Penanggalan
Setu Pon
13:21 WIB
19 Mei 2012 M
27 JemadilAkhir 1945 [Tahun Wawu]
God Can Give True Love
Candra sengkala
Tetembungan kanggo mengeti taun supaya gampang dieling eling.
Pamacane sangkalan urut saka mburi.
Tembung tembung sengkalan
Watak kothong ( dasa ) : Suwung,kothong,ilang,sirna,tanpa.
Watak sanga ( nawa ) : Bolongan,lawang,guwa,dewa,ganda.
Watak wolu ( Hasta ) : Gajah,esti,ula,kethek,cecak.
Watak pitu ( Sapta ) : Pandhita,gunung,jaran,bungah.
Watak nem ( Sad ) : Rasa,pait,obah,wit,tawon,mangsa.
Watak lima ( Panca ) : Buta,angin,panah,pandhawa,alas,gaman.
Watak papat ( Catur ) : Banyu,kali,segara,sendhang,keblat,rata.
Watak telu ( Tri ) : Geni,urub,benter,putri,jurit,sorot,welut,cacing.
Watak loro ( Dwi ) : Apa apa sing sajodho kayata : tangan,kembar,suku,ripat,swiwi.Kriyane tembung tembung kasebut kayata : lumampah,mabur.
Watak siji ( Eka ) : Bumi,srengenge,rembulan,wutuh,bunder.Perangane awak kang mung siji kayata : sirah,gulu .
Conto
Gajah mati tanpa suku : 2008