| Tembung Rangkep (Kata ulang) : |
| Tembung kang diwaca pindho. |
| Dwilingga : Tembung kang diwaca pindho kabeh linggane. |
| Dwilingga padhaswara : Linggane diwaca pindho tanpa ono owah owahan. [Omah omah]. |
| Dwilingga salinswara : Swarane lingga kang kapindho diowahi. [Wira wiri]. |
| Dwilingga semu : Tembung aran (Kata benda) kang rupa dwilingga. [Ondhe ondhe]. |
| Dwipurwa : Tembung sing dirangkep mung wanda sing ngarep. [Sesumbar]. |
| Dwiwasana : Tembung sing rangkep mung wanda sing mburi. [Cekikik]. |
| Tembung Camboran (Kata majemuk) |
| Tembung loro utawa luwih sing dirangkep dadi siji. |
| Camboran wutuh : Tembung loro dirangkep tanpa ngurangi wandane. »Tembung saroja [Sanak kadang]. »Yogaswara. [Dewa dewi]. »Baliswara. [Mahabarata]. |
| Camboran tugel : »Tembung garba. [Yaiku (iya+iku)]. »Keretabasa. [Wedang (ngawe+kadang)]. |
| Camboran tunggal : Tembung loro dirangkep dadi siji tur ora kena dipisahake amarga duwe teges anyar. [Sakaguru]. |
| Camboran wudhar : Tembung loro dirangkep dadi siji nanging ijen ijene tembung isih duwe teges dhewe dhewe. [Gedhe cilik]. |