| Jinise tembung |
| Tembung aran (Kata benda) : Sakehing tembung kang tuduh arane barang. [Omah,iman]. |
| Tembung kriya (kata kerja) : Sakehing tembung kang tuduh pakaryan. [Turu,mlaku mlaku]. |
| Tembung wilangan (Kata bilangan) : Tembung kang tuduh cacah. [Siji,separo,kapisan]. |
| Tembung kaanan (kata sifat) : Tembung kang tuduh kaanan lan watak. Manggon ing sakmburine tembung aran. [Gedhe,sregep,abang]. |
| Tembung katrangan (kata keterangan) : Tembung kang nerangake tembung kriya lan liya liyane kejaba tembung aran. [Angler,cepet]. |
| Tembung tetenger (kata sandang) : Tembung kang nyandhangi tembung aran. [Si,sang]. |
| Tembung ancer ancer (kata depan) : Tembung kanggo nggandeng tembung sajroning ukara. [Lan,ing]. |
| Tembung panyambung (kata sambung) : Tembung kang kanggo nyambung ukara. [Dene,nanging]. |
| Tembung sesulih (kata ganti) : Tembung kang kanggo nyulihi jeneng barang utawa wong. [Aku,iki,apa]. |
| Tembung pangguwuh (kata seru) : Tembung kang tuduh ngudarasa. [Adhuh,oh]. |
| Ayahane tembung (jabatan kata) |
| Jejer (Subyek). Wasesa (Predikat). Lesan (Obyek). Katrangan (Keterangan). |