| Ukara |
|---|
| Ukara (Kalimat) : Tembung kang kasusun miturut pranata basa kang maton |
| Wernane ukara |
| Ukara lamba : Ukara kang anduweni jejer lan wasesa. [Bapak sare(jejer+wasesa)]. [Aku mangan tela(jejer+wasesa+lesan)]. |
| Ukara elip : Ukara kang tanpa jejer utawa wasesa. [Klambiku anyar(jejer+katrangan)]. [Nulisa!(wasesa)]. |
| Ukara rangkep Diarani uga ukara rowa : Ukara lamba sing dirangkep loro. [Ibu lagi masak,bapak ngunjuk kopi]. [Nalika bapak tindak,ibu tunggu omah]. |
| Ukara crita (Kalimat tak langsung) : Ukara kang nuduhake kedadean kang dirasa,diweruhi,dirungu utawa pitutur. [Gula iku legi] |
| Ukara kandha (kalimat langsung). Bisa rupa : |
| a.Ukara pitakon (Kalimat tanya) : Ukara kang kang kanggo ngudhar barang kang durung dingerteni. [Jenengmu sapa?]. |
| b.Ukara pakon (Kalimat perintah) : Ukara kang kanggo murih wong liya nindakake pakaryan sing karepake. [Adusa disik!] |
| c.Ukara pangajak (Kalimat himbauan) : Ukara kanggo murih bebarengan nindakake pakaryan sing dikarepake. [Becike perkara iki dirembug]. |
| d.Ukara panjaluk (Kalimat permohonan) : Ukara pakon kang ditembungake kanthi alus. [Kulo aturi ngrantos sakuntawis]. |
| e.Ukara umpama : Ukara kanggo ngudarasa lelakon kang wus kebacut. [Umpama awakmu mampir,tak wenehi oleh oleh]. |
| f.Ukara pengarep arep : Ukara panjaluk kang kawiwitan tembung sepadhane muga muga. [Muga muga basa jawa tetep lestari]. |
| g.Ukara janji : Ukara kang mengku pangebang ngebang. [Yen sregep ngibadah,bakal nemu begja] |